Sabtu, 15 Mei 2010

“ORA DINYANA BISA SEKOLAH MANING”

Jangkrik ngentir awit mulai surupe srengenge, kalong pada mabur, lemud mulai pating sringing nang kuping, barat semebrak nampu maring godong krambil sing pada pating pentiung, Narko jagong nang emper karo ngalamun kemutan maring mboke sing nang negara sebrang agi golet rejeki go nguripi deweke.
Bapane urung bali gole dodolan bakso mangkat esuk muter desa karo nuthuki mangkok “thing-thing-thing bakso-bakso” kaya kuwe gole tawa, bali angger surup srengenge, pagawean iki go pedinan, Narko nglangut pikirane “mboke agi ngapa siki apa ya, kemutan inyong apa ora, wis rong taun lawase ora krungu pisuhe biyunge angger jengkel maring trukane inyong angger dong agi nakal ora gelem adus”.
Jane Narko ini kegolong bocah sing pikirane mletik mandan pinter tur rupane ya becus angger didandani, nanging uripe wong cupet yang dadine awake busik ora mambu sabun, sikile gudigen amarga aduse nang kali kulon umah sing sering go kungkum kebo, dadi ya campur tai kebo apa barang angger adus, sing penting awake teles, babar blas ora tau andhukan go ngosodi awak sing teles kenang banyu, bar adus nganggo kaos wis ora rupa warnane coklat merga wis tayumen, ora tau ganti asale ya mung duwe klambi telung stel piwewehe pakde Mansur bapane Khamidi sing wong sugih tapi sering derma maring wong kekurangan . Dongane Narko jane wis kelas IV SD tapi ya kuwe tembe kelas II SD wis ora ana sing go bayar sekolah dadine ya trima dolan, apa maning ditinggal biyunge sing agi maring luar negeri golek rejeki, dadine ya ora kopen.
“Ko, Narko wis adus apa urung ?”, pitakone bapane sing nembe bali ider bakso, karo ngandegaken grobogane nang sanding emper sisih wetan ngisor wit krambil.
“Sampun pa, wau kalih si Kusnen teng lepen !”, Narko karo nyedeki bapane sing agi bongkar kompor sing ana nang grobogan baksone, karo ngethokna mangkoke go dilebokna umah.
“Ko, iki mau nyong ulih layang sekang biyunge ko, sing isine jere arep kirim duwit, tapi kudu maring bank, …. si keprimen ya mangkane nyong urung tau maring bank!”, Ki Jarkum babape Narko, karo udud jengong nang resban, sawise ningkesi dagangane sekang grobogan baksone.
“Jan-jane biyunge sih suwe temen boten wangsul-wangsul bapane, kula li kangen kepengin ketemu, kula kepengin sekolah, la kanca-kancane kula sampun kelas IV, kula empun ketinggalan sanget, kula isin, bapane ?”, semaure Narko, sajake mandan maido maring bapane.
Bocah seumur Narko pancen agi seneng-senenge sekolah campur kanca, pada playon, penthak umpet, bal-balan, tapi ya kuwe nasibe Narko pancen beda karo kancane sing sebaya.
“Ko, yo pada maring Mushola, kae wis Adzan Magrib “, Ki Jarkum bali tes adus nang kali, karo dadani gole bebedan sarunge sing wis lusuh, tapi resik.
“Bapane, kupluke kula teng pundi, kula padosi boten onten ?”, pitakone Narko karo ngiling-ngilingi nang ngisor resban bokan gigal nang longan.
“La giye, nang kene, sing ngesug aken nang kene sapa ?”, jawabe Ki. Jarkum karo nuduh aken kupluke Narko sing aben dina mesti dienggo maring Mushola.
Pancen si Narko bocah gemati banget maring barang sing diduweni, tur ya jane bocah sregep lan ngajeni banget karo wong tuane najan wong tuwane klebu wong sing uripe pas-pasan, si Narko wiwit cilik diajari urip maring bapane supaya dari wong sing trima lan ngajeni maring sapabaen.
”Wong sing duwe pengaji ing ngarsaning Gusti Alloh, kuwe wong sing taq’wa, sing nindak aken perentahe dan ninggal aken larangane”, Pak Kyai maringi pangandikan maring jama’ah sing pada sholat nang Mushola, nang kupinge Narko sing bocah cilik kuwe ngrasa nandes nang atine. Mulane sedawane ndalan karo bali nang umah Narko ngecriwis takon maring bapane bab-bab tumindak sing becik sing di ngedikakna Pak Kyai mau.
Kriyet onine lawang pring sing dibukak maring bapane Narko engsele lawang ora tau mambu oli dadi seret angger dibukak, nuli pada mlebu nang umah, diyan sentir kliyep-kliyep kenang angin sekang jaban omah, tikus nang ngisor resban mlayu keweden, cecek pada playon nang gedek pager sekang pring, hawane pengap merga umahe ora ana jendelane, jogane lemah ora plesteran apa maning keramikan, babar blas ora digagas maring si Narko.
Pikirane si Narko muga-muga bapane sehat dadine aben dinane bisa mangan, ora ketang sing dipangan ya secukupe go ganjel weteng.
Wengi kuwe pancen sepi nyenyet anane unine jangkrik, kahanan dusun Pekuncen adem ayem trentrem, si Narko turune nglengkur, kemulan sarunge sing cekak, nang resban, sedela-sedela tangane nyaut lemud sing nyokot sikile Narko.
Bapane Ki Jarkum pikirane nglanglang buana duwe pengarep gendene si Narko muga-muga dadi wong sing mulya ora kaya bapane sing mung bisa dodolan ider bakso mubeng desa, deweke sakjane kepingin nyenengna anake kaya bocah linyane, tapi cupet penghasilane dadine yang cukup aweh pangerten maring anake lanang anger iki kabeh pance kahanan, supayane ora dadi wong sing kegeden pengarep tapi ora nyukuri maring sing wis diparingi maring Gusti sing Murbeng Jagad.
Ki Jarkum pancen wong sing uripe cupet nanging anggone didik anake ora baen-baen, sing jenengane babagan urip nang dunya iki kudu duwe rasa tepo selira maring sapada-pada, tulung tinulung, aja duwe melik maring duweke liyan, ngajeni maring kesepuhan, jujur, trus sregep ngibadah kanggo sangu urip nang akherate mengembene.
Mulane si Narko ora kaget karo kahanan sing agi di rasakna, dadi ora kaget angger tangi turu ora ana panganan, anane paling wedang putih, yang wis biasa.
Ora krasa jago wis kluruk, bedug subuh wis moni, gageyan si Narko digugah maring bapane. ”Ko, tangi wis awan ayo cepet maring mushola subuhan !”.
Ngucek-ngucek matane, angob, trus maring kali, ngono pedinane si Narko dadi yang wis kulina.
Bubar sekang Mushola, terus pagaweyan biyasane Ki Jarkum ngracik ngawe indil-indil bakso, go dodolan dina kuwe, banyune karo wadahe disugaken nang grobogan, trus kompore disumed, mangkoke di lebokna nang jero grobogan sing wing mandan reyot.
Srengenge wis munggah, sumunar mlebu nang jero umahe si Narko sing lagi nyaponi jogan, karo ngrewangi ningkesi barang sing arep go dodola bapane.
”Apa bener iki umahe si Narko ?”, pitakone wong sing gawe kagete Ki Jarkum lan kami tengengen, sebab sing takon kuwe ora liya Pak Bajuri sekang Kepolisian, tur nakokna Narko, ana apa karo si Narko apa wis tumindak sing ora bener sing gawe cuwane utawa rugine wong liyan, tumindak sing nglanggar hukum, Narko weruh agi digoleti pulisi terus mlayu nang pedangan umpetan.
”Monggo pinarak nak mas, monggo ”, jawabe Ki Jarkum karo mandan deg-degan, lan sewu pitakon nang ati. Nang resban sing reyot pada jagongan para tamune ana wong telu pulisine loro sing siji priyayi necis dandane ya wong sugih.
”Ki. Jarkum apa si Narko ana ? siki nang ngendi ?”, pitakone Pak Bajuri, Narko depepes nang padon pedangan, ana apa nyong ka digoleti pulisi loro, nyong salah apa jane, duh gusti ?, semono batine si Narko.
”Monggo pinarak riyin, kulo padosi si Narko sekedap”, jawabe Ki Jarkum karo ninggalaken tamu wong telu kuwe, terus mlebu pedangan karo undang-undang si Narko.
”Ko, nang ngendi ya, kae ana tamu goleti ko, pulisi loro, ana apasi ya ?” Ki Jarkum anggone goleti, si Narko dremimil, atine deg-degan, wedi campur ora genah pikirane.
”Dalem bapane, enten napa ?”, jawabe Narko menyat sekang padon pedangan, nuli nyedeki babapen, ”Ya embuh, kae ana tamu telu, goleti ko ?”, Ki Jarkum nambahi. Nuli wong loro pada metu sekang pedangan, terus salaman karo tamune.
”Nuwun sewu menika anak kawula si Narko ”, Ki Jarkum ngenal aken anake maring tamune.
”O iki sing jenenge Narko ?, ngene Ki Jarkum tekaku ngene iki nganter Pak Sudarmaji sing kepengin ketemu karo anakmu ?”, pitakone Pak Bajuri maring Ki Jarkum.
”Monggo Pak Sudarmaji, niki Si Narko ?”, Pak Bajuri ngenal aken maring Pak Sudarmaji.
”Nyuwun sewu Pak Sudarmaji, anak kula damel klentu napa, lajeng keraya-raya rawuh dateng gubug kula niki ?”, pitakone Ki Jarkum.
”Ya ngene Ki Jarkum, nyong sekanca pancen ana kepentingan karo anake peyan”, Pak Sudarmaji bukak crita.
”Telung minggu kepungkur anake nyong kelangan duwit nang dopet sing jumlahe kurang lewih Rp. 10.750.000,- anu ana nang gembolan kresek plastik nang jero dopet ?”, teruse Pak Sudarmaji.
”Halah duwit semono akehe apa ko sing jumut Narko, ya..., ngaku bae, nyong kiye wis wanti-wanti aja gelem melik liyan, koka kaya kuwe !”, Ki Jarkum nesu maring anake sing orang ngira angger aneke tumindak kaya kuwe.
”Narko, .... he aja meneng bae, mengko ko bisa diukum maring pak pulisi !”, Ki Jarkum dedes anake.
Si Narko keweden, bingung dadine mung bisa nangis mrebes mili, karo kamithotholen ngrungu bapane angger deweke bisa diukum maring pak pulisi kuwe.
Ki Jarkum sing dadi wong tuwane ya melu bingung, rasa isin rumangsa gagal didik anake sing mung siji kuwe, sing akhire pasrah maring tamune tumindak apa sing bakal ditibakaken maring anake ya siap lila lair bathin, angger pancen anake sing salah.
”Kiye-kayakiye, Ki Jarkum nyong maring kene justru arep matur nyuwun maring anake rika !”, pamedote Pak Sudarmaji.
”La kados pundi niku, kok malah bade matur nuwun dateng anak kula, la anak kula niku sampu tumindak napa ?”, Ki Jarkum manda gumun.
”Anding wingi anake nyong kuwe nembe sekang kantor bank, kanggo jumut duwit rencana go bayar sepeda motor, tapi tekan ngumah duwite sing nang tas ilang !, juran nyong bingung, terus tak laporna nang kantor Polisi, ... nah nangkono duwite wis ketemu, juran nyong takon duwite sapa sing nemu ?”, Pak Sudarmaji jelas aken.
”Iya, Ki Jakrum wingi nane, ana bocah maring kantor pulisi gawa duwit nang dopet sing jumlahe kurang lewih Rp. 10.750.000,- duwite di gembol kresek plastik nang jero dopet, lah nang jero dopet ana KTP ne Pak Sudarmaji, sing gawa duwit kuwe ya anak rika si Narko !”, jelase Pak Bajuri.
”Siki Pak Sudarmaji arep matur nuwun maring anake rika”, teruse Pak Bajuri.
”Wis aja keweden, nyong karo pak pulisi ora arep ngukum ko Narko, wis aja nangis”, Pak Sudarmaji ngendikan karo ngeneng-ngengengi.
”Anake rika siki wis kelas pira, ya Ki Jarkum ?”, pitakone Pak Suramaji.
”Si Narko dongane niku empun kelas IV SD, namung gih niku pedot teng kelas II amargi mboten enten sing ge bayar ”, Ki Jarkum jelas aken.
”O... dadi si Narko ya ora sekolah ?”, Pak Sudarmaji nanggepi.
”Inggih”, jawabe singkat Ki Jarkum.
”Wis iki kaya ngene, nyong arep matur nuwun banget karo anake rika, dene wis nemok aken duwite anake nyong, anake rika kon sekolah maning, mengko nyong sing biayani sekolahe karo kebutuhane sisan, dadi tak dadekna anak asuhe nyong, keprimen Ki Jarkum ?”, Pak Sudarmaji jelas aken.
Ki Jarkum bingung gone jawab, akhire si Narko ngrungu kaya kuwe trus nangis, sungkem nang ngarepe Pak Sudarmaji, terus salaman karo tamune kabeh, sing dadi bombonge si Narko ora dinyana bisa sekolah maning bareng karo kanca-kancane maning, Ki Jarkum mrebres mili orang ngira dina kuwe bakal oleh kemulyaning Gusti Alloh, ing atase anake bisa sekolah maning.
Ki Jarkum rumangsa monggog gone didik anake si Narko ora sia-sia, deweke dadi wong sing jujur.

0 komentar: