Rabu, 19 Mei 2010

BUDI PEKERTI, PENGANGEN-ANGEN LAN KASUNYATAN

Budi Pekerti saiki mulai dadi wacana ing masyarakat, akeh kang podo beda pangerten anggone nanggepi masalah budi pekerti, tapi iku mau dadi becike amarga saiki perkoro budi pekerti wis mulai dadi kebutuhan urip masyarakat kudu diajarake marang putra-putrine supoyo besuke gedene dadi uwong kang biso ngajeni marangwong tuwane lan masyarakat sekitare.
Saiki angger ana bocah nakal, bocah sekolah pada gelut, tumindak kriminal, lan sapanungalane, menowo ana kedadeyan sing koyo iki trus sing dituding jare sekolah sing anggone nggule wentah ora becus dadine bocah iku pada nakal, padahal tanggung-jawab babagan pendidikan iku tanggung jawabe wong tuwa, sekolah, lan masyarakat.
Budi Pekerti iki babagan kang kudu dicerna nganti permati amarga kapan maneh, menowo ora saiki mulai dipikirake babagan kasebut, budi pekerti iku hubungan langsung karo babagan tumindak, solah bawah, pangucapan. Pendidikan budi pekerti mbutuhake keteladanan kanti tumindak kang becik, tumprap sopo bae kang arep menehi Pendidikan budi pekerti.
Budi Pekerti seliyane kanthi cara menehi keteladanan uga kebiasaane urip sedina-dinane kanthi urip nganggo perilaku sing apik kanti cara latihan sing makaping-kaping.\
Miturut buku Pedoman Penanaman Budi Pekerti Luhur (Balai Pustaka, 1997), Ana 56 sikap budi pekerti luhur, yaiku antarane kerja keras, wani mikul resiko, disiplin, kemimanan, atine lembut, akeh inisiatif, pikirane jembar lan maju, sederhana, semangat, duweni sikap konstruktif, duweni rasa syukur, tanggung-jawab, tenggangg rasa, bijakana, cerdik, cermat, dinamis, efisien, gigih, hemat, jujur, duweni kemauman keras, kreatif, kukuh hati, lan sapanunggalane,iki kabeh sing dadi intine pendidikan budi pekerti. Budi pekerti ora bisa langsung tertanam ana ati trus dileksanakaken tumprap panguripan sedina-sedinane, tapi bertahap dilakoni kanti latihan, dibiasakake kanti solah bawah, tutur pangucapan,lan polatan kang gandung nilai-nilai budi pekerti.
Salah sijine cara kanggo nanam budi pekerti yaiku melalui pendidikan neng sekolah, pendidikan budi pekerti iki bisa didadeke mata pelajaran dewe utawa diintegrasikan mlebu menyang materi pelajaran, kari kepiye pelaksanaane, yen diintegraikan gurune bisa gabungake nilai-nilai budi pekerti disisipaken ana materi pelajaran, yen dadi pelajaran dewe kudu ana gurune dewe sing mulang masalah budi pekerti, loro-lorone pada apike. Sing penting, kanthi niyat sing becik kanggo nyiapake generasi sing arep teka sing meliki budi pekerti kang luhur.
Saiki penanaman budi pekerti ing sekolah bisa nganti cara kegiatan permainan /dolanan, tembang, tari, dikusi sing isine penjabarane babagan budi pekerti trus saben dinane sekolah kudu gatekake marang perkembangan pelaksanaane pendidikan iku marang siswa-siswine dadine saben perubahan tingkah polahe bisa ditlusur nganti premati supayane kasil, perubahan iki ora bisa diukur nganti nilai sing awujud angka-angka, tapi nitik beratake marang conto-conto jelas lan becik. Guru sing dadi sentral kudu bisa dadi tauladan kanggo siswa-siswine, pancen ya bisa digalih yen guru iku sosok sing kudu di-gugu dan di-tiru, nganti paribasan iku sakjane berat banget bebane guru. Sentral guru kudu bisa digugu lan ditiru, awit eneng sekolah lan luar sekolah supayane bisa dadi contoh, kanti adedasar keyakinan, tumindak sing bener lan pener anggone mbimbing siswane, sebagai pendidik sing dadi personifikasi nilai-nilai kebecikan sing arep ditanamke, kanti nyuplik ajarane Ki. Hajar Dewantara yaitu Ing ngarso sung tulodo, Ing
mandyo mangun karso, Tut wuri handayani, sing didadekaken dasar anggone menamkan budi pekerti marang siswa/siswine. Yaiku yen ning ngarep kudu dadi tulodo kanti tindak-tanduk kang luhur, sopan-santun tepo seliro, lan menghargai wong liyan, tumbundak iku sing didadeke conto, yen ing tengah kudu maringi pitutur/petunjuk, supayane siswa/siswine bisa nindakake apa kang dadi piwulang babagan budi pekerti luhur ku, yen ing buri kudu dorong/motivasi supayane pada gumbrigah anandake tindak tanduk berbudi luhur sesuai karo ajarane piwulang babagan budi pekerti mau. Ananging aja disalahaken angger nganti ana bocah/siswa/siswi sing jur nakal, sebab kenakalan utawa setitike budi pekerti sing tertanam iku disebabake maring perkara sing werna-werna. Kadang akeh kekeliruan sing muncul ing masyarakat yaiku kelemahan sing saklawase iki dirasakake akeh wong sing mung ngandalake informasi/penjelasan thok babagan budi pekerti dadi sifate mung verbalisme tanpa diikuti karo tindakan sing nyata apa sing diiformasiaken iku, dadi angger wong jawa jare "bisane mung jarkoni" artine bisa ngajar ora bisa nglakoni.
Nang babagan pendidikan budi pekerti perlu diterangake apa sing kudu dilakoni/ ditindakake babagan kebecikan, kedisiplinan, kemasyarakatan, lan panunggalane trus apa manfaate kanggo awake dewe lan masyarakat. Kabeh iki ora bisa langsung bisa dideleng hasile tapi kudu dilatih/leksanakake secara bertahap, terus menerus, kanti adi kebiasaansedina-dinane sing bisa dirasakake manfaate.
Sing lewih penting siswa/siswi wektune aben dinane sing akeh dientekake eneng ngomah, mula penanaman budi pekerti aja mung ditumplek blek dadi tanggung-jawabe sekolah thok tapi keluarga kudu melu, justru neng omah iki bocah awale mengenal pendidikan soko wong tuwane, awit cilik bocah kudu mulai diajari/ditanamke nilai-nilai budi pekerti sing apik, trus wong tuwane kudu dadi tuladane tumprap putra/putrine neng omah kanthi diajari unggah-ungguh, sopan santun, tepo seliro, lan ngormati liyan kanthi cara sing sabar lan premati banget marang aben ana perubahan tingkah polah, tindak tanduk putra/putrine supayane dadi wong sing pinunjul sarto berbudi pekerti luhur.
Ing lingkungan masyarakat iki uga bisa bentuk pribadine bocah, mula masyarakat ugo duweni kewajiban melu nanamke nilai budi pekerti tumprap pergaulan ing masyarakat kanti conto-conto tumindake kang becik para tokoh masyarakat sing pada dadi paugeran masyarakat.
Kanyatane pendidikan budi pekerti supaya bisa tertanam neng anak didik kita, iki dudu barang sing gampang tapi perlu disikapi lan perlu dipremati kanti serius, mulai soko ngomah yaiku pendidikan soko wong tuwane, ning sekolah soko guru-gurune, lan ing masyarakat yaiku para tokoh masyarakat, saenggo sing dadi pengangen-angen yaiku masyarakat kang berbudi luhur bisa dadi kasunyatan ing masyarakat.

0 komentar: